SAPA KANG WAJIB KITA AJENI ?
Pitutur bab tata krama deneng para luhur mung diparingake sarana lesan sarta tetuladhan sadina – dina turun –tumurun . Para putra wayahe ora ana sing nyatheti ngenti dadi kepek, mung sakehing pitutur lan larangan dicathet ing sajroning ati, sarta banjur diturunake marang putra wayahe dhewe-dhewe. Kaya mangkono run – tumurun ing kalangane bangsa kita. Mung bae sapa kang wajib kita sembah (hurmati) wis pathokane kang tinulis , kasebut ing buku “Wulangreh” karangane Ingkang Sinuhun Paku Buwana IV tembange Maskumambang, mangkene: Ana uga etang-etangane kaki, lelima sinembah sawiji-wiji, sembah lelima punika. Ingkang dhingin rama ibu kaping kalih, marang mara tuwa, lanang wadon kang kaping tri , ya marang sedulur tuwa. Kaping marang guru sayekti, sembah kaping lima, marang ing gustinireki, parincine kawruhana. Dadi manut para sepuh biyen , kang wajib kita hurmati, ana lima , yaiku : 1. Wong tuwa lanang lan wong tuwa wadon 2. Mara tuwa sakarone. 3. Sadulur-sadulur...