Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2017

TATA KRAMANE BOCAH MARANG GURU

Gambar
Ana ing pamulangan, bocah-bocah saliyane diwulang kawruh liya-liya, becike iya diperdi bab tata krama . Upamane nalika teka mlebu sekolah ngadhep gurune , dilelatih matur : “Sugeng enjing, wilujeng enjing, sugeng sonten” lan sapanunggalane, apikke yen manthuk maringi tandha aweh hurmat.  Nalika kasep mlebu kelas, kamangka wulangan wis lumaku kudu matur:”Nyuwun pangapunten, kula kasep jalaran jawah “.upamane. Ora kena mbludhus bae mlebu kelas terus lungguh bangkune. Nalikane nuju arep metu saka kelas marga arep menyang pakiwan, uapamane , ora kena ndadak metu mbludhus bae, nanging matur gurune dhisik: “Bu Guru, keparenga kula badhe dhateng wingking.” Yen sesuke arep ora mlebu, iya pamit. Dene yen ana keperluan dadakan nganti ora kober nyuwun pamit luwih dhisik, ing dina sesuke nalika mlebu maneh, enggal matur apa sebabe dene wingi ora mlebu. Ana guru kang nggresah, jare saiki iki, bocah-bocah angel wulang-wulangane bab tata krama. Kudune mung arep mbantah wae, ...

TATA KRAMANE BOCAH MARANG WONG TUWA.

Gambar
Bangsa kang wis padha dhuwur kabudayane, ora mung wong-wonge kang wus diwasa bae kang padha ngenggoni tata krama, dalah bocah-bocahe iya padha ngerti marang subasita. Bocah-bocah ing omah lan ing pamulangan kudu diperdi marang tata krama , supaya ing tembene ora kidhung (kaku) lan bisa ngerti marang sopan santun. Bapa biyung iya kudu merdi supaya wewatakan lan budine bocah dadi luhur, marga alusing tata kramane. Saranane ora liya , wong tuwa kudu menehi tuladha sarana pakarti , yaiku nglakoni dhewe, kejabane iku kudu tansah tlaten menehi wulangan lesan. Nalikane bebarengan mangan karo wong tuwa , bocah-bocah dituladhani kepriye carane mangan kang mawa tata krama. Nalikane bocah-bocah dolanan karo kanca-kancane, nalikane diajak maradhayoh, kudu tansah diperdi murih ngerti marang tata krama kang becik. Upamane nalikane diwenehi apa-apa dening wong tuwane kudu diwulangi aweh panarima, klawan matur : “Matur sembah nuwun” apa “ terima kasih”. Luwih-luwih yen kang meneh...