PATRAP UTAWA TINDAK TANDUK KANG SOPAN
Patrap utawa carane wong enggone ngadeg, lungguh, caturan (guneman), mlaku bisa dadi titikan , kepriye mungguh jiwa lan pribadine wong mau. Yen wong kesinungan jiwa luhur lan kapercayan diri pribadi , sikepe anggone ngadeg, lungguh, caturan,mlaku lan liya-liyane, mesthi beda karo sikepe wong clingus, kang ora nduweni kapercayan , lan kang kurang kaprawirane. Dhek biyen, yen kita caturan (matur) karo wong kang kita kurmati, swara kudu lirih, nganti meh ora keprungu. Awit manut panganggep nalika samana, wong matur sarana swara kang saya lirih, dianggep saya sopan, saya netepi tata-krama. Nanging saiki, ngadeg jejeg lan matur (caturan) sarana swara terang, cetha trawaca, tatag titis gampang dipirengake, iku dudu patrap kang kasar. Malah nuwuhake rasa simpati lan bisa ngunggar disiplin ing sajroning sanubari kita dhewe. Kang dikarepake sikep kang tegak, jejeg, ing kene ora kok patrap kang njekengkeng kaku kaya reca, nanging sok dikantheni solah bawa kang ngresepake. ...